Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » FMS: Vaksin Covid-19 Aman Kanggé Bumil
    Den Haag

    FMS: Vaksin Covid-19 Aman Kanggé Bumil

    By Eddi Santosa24.04.20212 Mins Read
    Hamil -Het Javaanse Blad
    Bumil (Jamie Coupaud/Unsplash)

    DEN HAAG – Párá ibu ingkang bobot utawi ibu hamil (bumil) aman pikantuk suntik vaksin Covid-19, makaten kaserat ing dhawuh énggal ingkang dipunanggitaken déning pokja Covid-19 & Ibu Bobot, saking Federatie Medisch Specialisten/FMS (Federasi Spesialis Medis), dinten Setu (24/4/2021).

    Sadèrèngipun saking tetimbangan keslametan, dipunaturaken dhawuh supados párá ibu ingkang bobot kanthi penyakit kabektá mawon ingkang dipunsuntik vaksin.

    “Sapuniká kitá sampun pirsá bilih ing Amerika wonten 90.000 ibu bobot ingkang dipunsuntik nganggé salah satunggaling vaksin mRNA (Pfizer utawi Moderna) tanpá akibat susulan. Pramilá wiwit sapuniká sedáyá ibu bobot pikantuk dhawuh supados dipunsuntik vaksin, langkung saé nganggé vaksin mRNA,” makaten FMS.

    Bumil (Anastasiia Chepinska/Unsplash)

    Miturut FMS, Déwan Keséhatan ugi sampun ngidini vaksinasi kanggé párá ibu ingkang nyusoni, sarèhning sampun kasunyatan bilih vaksin boten mlebet ing susu ibu.

    Dhawuh énggal puniká dipunanggitaken déning párá wakil saking organisasi ingkang lenggah ing pokja Covid-19, antawisipun Nederlandse Vereniging voor Obstetrie & Gynaecologie/NVOG (Pakumpulan Obstetri & Ginekologi Walandi), Koninklijke Nederlandse Organisatie van Verloskundigen/KNOV (Organisasi Bidan Karajan Walandi), sáhá Nederlandse Vereniging voor Kindergeneeskunde/NVK (Pakumpulan Dokter Anak Walandi).

    Ugi Nederlandse Vereniging voor Medische Microbiologie/NVMM (Pakumpulan Mikrobiologi Medis Walandi), Patiëntenfederatie Nederland (Federasi Pasien Walandi), het Rijksinstituut voor Volksgezondheid en Milieu/RIVM (Lembaga Nasional Keséhatan Masyarakat lan Lingkungan), lan Vereniging voor Hygiëne & Infectiepreventie in de Gezondheidszorg/VHIG (Pakumpulan Higiene lan Panyegahan Infeksi ing Keséhatan Masyarakat).

    Sadèrèngipun dinten Kemis wingi Déwan Keséhatan Inggil Belgia ugi sampun paring dhawuh supados sedáyá ibu ingkang bobot énggal dipunsuntik vaksin Covid-19. Ugi ing Inggris párá ibu ingkang bobot sampun pikantuk lampu ijem supados dipunsuntik vaksin wau. (es/es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutrá Belgia Stijn Mlebet Islam Amargi Bismillah
    Next Article Iftar Ramadan ing Griyá Mawon
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.