Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Vaksin Covid-19: Bupati Batang Ngutamiaken Wargi Puniká
    Internasional

    Vaksin Covid-19: Bupati Batang Ngutamiaken Wargi Puniká

    By Eddi Santosa25.02.20212 Mins Read

    BATANG – Bupati Batang Wihaji ngutamiaken Kepala Organisasi Perangkat Daerah (OPD), prangkat dhusun, párá panuntun agami, lan párá pangurus Pondok Pesantrèn mangké ten pérangan kaping kalih vaksinasi Covid-19.

    “Pamréntah Kabupatèn sampun ngusulaken 21.000 sasaran kanggé vaksinasi pérangan kaping kalih minongká nglayani párá wargi. Dinten puniká sampun kitá priksá mesthèaken ten Kecamatan piyambak-piyambak ingkang panggènanipun mangké ten Puskesmas,” ngendiká Bupati Wihaji ten Ayo Semarang.

    Saking pamriksan wau miturut Bupati kasilipun nggih puniká palaksanan vaksinasi sampun mathuk kalih Standar Operasional Prosedur (SOP) lan cocok kalih rencana.

    “Alhamdulillah párá kyai, mubaligh, párá panuntun masyarakat, kepala dhusun saprangkatipun lan párá pangurus pondok pesantrèn saget pikantuk prioritas utami dipunsuntik vaksin,” makaten Bupati Wihaji.

    Éwodènten pérangan salajengipun mangké badhé nuju párá tiyang dagang ten peken lan párá guru.

    “Dugi dinten kálá wingi ingkang sampun pikantuk vaksin minongká nglayani wargi sampun wonten  2.079 tiyang saking target kirang langkung 3.000 tiyang,” makaten Bupati Wihaji.

    Sawetawis Kepala Dinas Keséhatan Kabupaten Batang dr Muchlasin nerangaken bilih vaksin Covid-19 saking Provinsi Jawa Tengah ingkang nembé dipuntampi wonten 800 vial kanggé suntik vaksin kaping kalih.

    “800 vial puniká kanthi dosis tikel 10, saénggá dinas tegesipun pikantuk kathahipun 8.000 dosis vaksin Covid-19,” makaten dr. Muchlasin.

    Sadèrèngipun Bupati Wihaji ugi paring idin sekolah wonten ing wilayah ijem Covid-19 saget nindakaken malih wulang-piwulang adhep-adhepan wiwitan sasi Maret 2021.

    “Paring piwulang adhep-adhepan wonten ing sekolah dipunmathukaken kalih kahanan panyebaran Covid-19 utawi ingkang kalebet wilayah ijem Covid-19,” ngendiká Bupati Wihaji kados kapethik saking Kompas (24/2).

    Bupati Wihaji maringi tulaádhá bilih panyebaran Covid-19 wonten ing dhusun Gerlang lan dhusun Prantèn, Kecamatan Bawang, Kabupatèn Batang, kaserat nul kasus. Pramilá sekolah wonten ing dhusun kekalih wau dipun aturi saget ngawontenaken malih piwulangan adhep-adhepan.

    “Kulá mbayangaken satunggal taun kapengker puniká wonten masalah ingkang kulá kinten badhé mengaruhi ngguláwentahing karakter bongsá kitá,” makaten Bupati Wihaji.

    Bupati Wihaji kagungan jalaran piwulangan adhep-adhepan dipunawontenaken malih amargi kathah alangan ingkang dipunpanggihi naliká pangetrapan piwulangan saking tebih utawi pembelajaran jarak jauh (PJJ).

    “Kulá boten saget mbayangaken guru-guru ingkang tugas mulang wonten ing Prantèn lan Gerlang, wong madosi sinyal mawon angèl,” Bupati Wihaji nambahaken.

    Kanggé nyegah wontenipun klaster énggal Covid-19, miturut Bupati kegiatan sekolah adhep-adhepan kedah ndhèrèkaken pranatan ingkang sampun dipuntemtoaken.

    “Kulá nyuwun Pak Kadis Pendidikan lan Kabudayan ndamel pakem, ndamel serat katerangan nganggé materai dipuntapakastani déning tiyang sepuh lan pengawas sekolah, saénggá piwulangan adhep-adhepan boten ndadosaken masalah ten wingking dinten,” makaten Bupati Wihaji.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleKaji Ngali, Kudus 3 Januwari 1881
    Next Article Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.