Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Walandi Dèrèng Badhé Nglonggaraken Lockdown
    Den Haag

    Walandi Dèrèng Badhé Nglonggaraken Lockdown

    By Eddi Santosa15.04.20212 Mins Read
    Perdana Menteri Mark Rutte - Het Javaanse Blad
    PM Mark Rutte (overheid.nl)

    DEN HAAG – Tweede Kamer (parlemèn Walandi, red) taksih dèrèng karuan nanggepi kersánipun kabinèt ingkang dipunaturaken dinten Selásá kanggé ngèndelaken lockdown.

    Kersá kabinèt wonten ing gangsal jangkah badhé mangsulaken gesang masyarakat mèh normal malih kados sawaunipun, kados dhahar ing restoran lan ngrawuhi ulem-uleman. Nanging sapuniká dèrèng karuan punápá jangkah kaping sepindhah tanggal 28 April saget kalaksanan.

    Sawetawis puniká kabinèt sampun wira-wiri ngersaaken kalonggaran lockdown, kados ngidinaken restoran lan café saget biká malih, nanging kedah mbatalaken malih sarèhning ongká Corona taksih inggil.

    Minggu kapengker sampun bocor bilih kabinèt badhé ngèndelaken jam malem mélai 21 April, nanging ugi boten siyos. Tanggal énggal kanggé nglonggaraken lockdown, 28 April, sawetawis puniká ugi dèrèng temtu.

    PM Mark Rutte (Tweede Kamer der Staten Generaal)

    “Kitá nggadhahi pangajeng bilih saget sakedhik tanggal 28 April, nanging dèrèng kapestèn,” ngendiká Perdana Menteri demisionèr Mark Rutte ing ngarsaning Tweede Kamer naliká debat Corona dinten Kemis (15/4/2021).

    “Kitá pirsani saben minggu, nanging boten tansah nganggé konferènsi pers. Kitá ngersaaken menawi saget 28 April, nanging puniká sanès garansi,” makaten PM Rutte.

    Kabinèt nembé badhé mundhut jangkah kaping sepindhah menawi mindhakipun ongká Coroná sampun sirep.

    Tweede Kamer wanti-wanti supados langkung ningali data, kados cacahipun vaksinasi lan cacahipun panggènan ing griyá sakit ingkang kalenggahan pasièn Corona. Migatosaken sedáyá wau, nglonggaraken lockdown taksih mokal, ngendiká Diederik Gommers, dinten Selásá.

    “Kitá saèstu boten saget nglonggaraken sadèrèngipun sedáyá wargi yuswá 60+ sampun dipunvaksinasi,” makaten Gommers ing acara televisi Beau.

    Miturut Gommers, kedah wonten keajiban kanggé nglonggaraken lockdown tanggal 28 April. Cacahipun pasien Corona ing griyá sakit dèrèng bakal ketingal kirang sadèrèngipun sasi Mei. Sawetawis RIVM matur bilih puncakipun sampun langkung.

    “Tengárá ingkang mbingahaken,” makaten PM Rutte.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleProf. Peppelenbosch: Siyam Saé Kanggé Ati Sáhá Usus
    Next Article Dr. Jacqui van Kemenade: Siyam Séhat, Saget Nyegah Diabetes
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.