Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Walandi Eksportir Kasil Tanèn No 2 Sajagad
    Den Haag

    Walandi Eksportir Kasil Tanèn No 2 Sajagad

    By Eddi Santosa08.05.20213 Mins Read
    Woh-wohan - Het Javaanse Blad
    Kasil tanèn (Unsplash)

    DEN HAAG – Nagari Walandi puniká alit, wiyaripun namung 41.865 km2 (Jawi Wétan: 47.799 km2), nanging saget dados nagari eksportir kasil tanèn paling ageng nomer 2 sajagad.

    tanèn, dedagangan (Indonesia: pertanian, perdagangan)

    Walandi puniká nagari eksportir kasil tanèn paling ageng sajagad, nomer kalih sasampunipun Amérika Serikat. Statistik taun 2018, Amérika ngèkspor US$ 164 milyar (Rp 2.296 trilyun) kasil tanèn utawi 9% saking dedagangan tanèn sajagad. Walandi nututi kanthi 6%. Jerman nomer 3, lajeng Brazil nomer 4 lan Ciná nomer 5.

    Èkspor nagari Walandi paling kathah inggih puniká: 93% sekar, 78% daging ayam lan daging lembu, lajeng 43% daging babi dipunèkspor dateng máncánagari. Kathahipun èkspor wau kanggé pasar Uni Eropa, antawisipun 1/4 èkspor Walandi mlebet pasar Jerman.

    Nagari Walandi ugi sebagéan ngimpor kasil tanèn saking máncánagari, ing mriki dipunolah, lajeng dipunèkspor. Pramilá ongká total èkspor langkung ageng malih. Taun kapengker nagari Walandi ngèkspor kasil tanèn € 94,5 milyar (Rp 1.606,5 trilyun) sebagéan € 68,5 milyar (Rp 1.164,5 trilyun) kasil tanèn saking tanah Walandi piyambak, sanèsipun € 26 milyar (Rp 442 trilyun) saking olahan kasil tanèn máncánagari.

    Ongká-ongká wau kapethik saking lapuran De Nederlandse Agrarische Sector in Internationaal Verband (Séktor Tanèn Walandi ing Gegayutan Internasional, red) saking Wageningen Universiteit ingkang dipunbabaraken ing wiwitan taun 2021.

    95% Daging Kalep

    Satunggaling tuládhá inggih puniká Walandi ngolah daging kalf (kalep, lembu enèm, red). Miturut Stichting Dier&Recht, ing Éropa saben taun wonten 1 jutá pedhèt-pedhèt alit dipunèkspor, cacahipun 800.000 pedhèt-pedhèt alit wau mlebet ing firma-firma Walandi. Pedhèt-pedhèt wau dipunagengaken ngantos dados lembu enèm lajeng dipunsembelèh, 95% daging lembu enèm wau dipunèkspor. Konsumèn Walandi boten pati remen daging lembu enèm.

    kalf, kalep, pedhèt (unsplash)

    Daging, sasampunipun sekar, inggih puniká produk paling wigatos Walandi ingkang dipunèkspor. Walandi ngèkspor € 9,5 milyar (Rp 161,5 trilyun) arupi sekar, taneman, winih sekar lan winih wit-witan. Lajeng ékspor daging € 8,8 milyar (Rp 149,6 trilyun). Éwodènten susu lan tigan ngasilaken € 8,6 milyar (Rp 146,2 trilyun).

    Salajengipun ékspor sayuran € 7,3 milyar (Rp 124,1 trilyun) antawisipun tomat, paprika lan timun. Ugi woh-wohan. Walandi ngèkspor woh-wohan € 6,2 milyar (Rp 105,4 trilyun) antawisipun alpukat, anggur, pisang, pelem, pér, lan kacang-kacangan. Woh-wohan puniká sebagéan saking máncánagari lajeng dipunèkspor malih. Woh-wohan saking tanah Walandi piyambak namung 21%, antawisipun pér, arbei (strawberry), lan apel.

    Ugi saking € 26 milyar èkspor kasil tanèn ingkang boten saking tanah Walandi piyambak inggih puniká cacao. Mawi pelabuhan Amsterdam, pelabuhan cacao paling ageng sajagad, Walandi ngèkspor 1 milyar kg wiji cacao saben taun. Cacao puniká dipunolah dèning pabrik ing Zaanstreek dados cacaopoeder (bubuk cacao), cacaoboter (mentégá cacao) lan produk cokelat.

    Cacaopoeder lan cacaoboter dipunèkspor dateng nagari-nagari ing Eropa antawisipun Swiss, Belgia, lan Prancis. Kálá taun 2019 kapengker Walandi ngèkspor cacao lan produk cacao cacahipun wonten € 4,7 milyar (Rp 79,9 trilyun).

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleSampun Wancinipun Dhahar Pangan Organik
    Next Article Belgia Nglonggaraken Lockdown
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.