Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Walandi Lockdown Dugi 14 Januari
    Den Haag

    Walandi Lockdown Dugi 14 Januari

    By Eddi Santosa18.12.20212 Mins Read
    Mark Rutte voor Rijksoverheid.nl
    Mark Rutte, Minister-President, Minister van Algemene Zaken

    DEN HAAG – Sarèhning wonten bebáyá varian Omikron, Walandi lockdown malih wiwit 19 Desember jam 05.00 dugi sakirangipun 14 Januari 2022. Namung toko sembako lan apotik ingkang kénging biká.

    Makaten dipunaturaken déning Perdana Menteri demisionèr Mark Rutte naliká maringi konferènsi pèrs dinten Setu dalu jam 19.00. Kabinèt sarujuk kaliyan Outbreak Management Team (OMT) ingkang ngaturakan pirembag supados pamréntah netepaken pranatan lockdown kenceng kanggé nanggulangi virus Corona varian Omikron.

    De opmars van de omikronvariant leidt nog dit jaar tot een stijging van het aantal coronapatiënten in de ziekenhuizen. Dat is sneller dan verwacht. Daarom gaat Nederland van 19 december t/m in ieder geval 14 januari in lockdown.https://t.co/7pWX06aoeG#AlleenSamen pic.twitter.com/3fFmSZp1X8

    — Mark Rutte (@MinPres) December 18, 2021

    “Omikron nyebar langkung cepet tinimbang ingkang kitá kinten,” ngendiká PM Rutte kados kapethik saking siaran televisi NOS dinten Setu dalu (18/12/2021).

    Pramilá wiwit dinten Ngahad énjing jam 05.00 sedáyá toko ingkang sanès sembako, jasa, sáhá sekolah/universitas kedah tutup. Lajeng boten kénging nampi tamu langkung saking 2 per dinten, sadèrèngipun saget nampi 4 tamu. Kompetisi olahrágá profesional kénging mlampah, nanging tanpá publik.

    Cethá sanget pamréntah kaliyan OMT kuwatos babagan virus Corona varian Omikron ingkang nyebar kanthi cepet. Párá ahli wanti-wanti supados sedáyá kedah tutup kajawi toko sembako lan apotik mawon ingkang kénging bika. Kabinèt saget nampi pirembag saking OMT makaten.

    Tegesipun bilih antawisipun horéca (hotel-rèstoran-café, red), toko sanèsipun sembako lan apotik, lajeng séktor olahrágá lan séktor kabudayan kedah tutup. Jadwal kompetisi profesional kénging tetep mlampah nanging tanpá publik. Ugi sedáyá sekolah manengah sáhá lembaga piwulangan sanèsipun kedah tutup. Éwodènten sekolah dhasar sampun tutup sadèrèngipun libur Natal.

    Pranatan lockdown puniká badhé dipuntingali malih mangké tanggal 3 Januari 2022, punápá kinten-kinten sekolah sampun saget bika malih. Panggénan layanan kanggé párá laré pra sekolah tetep kedah tutup, kajawi kanggé putrá-putri ingkang tiyang sepuhipun ngastá pakaryan ingkang boten saget dipuntilar.

    Lajeng kempal-kempal grumungan ing jawi griyá paling kathah 2 tiyang, ugi ing dalem griyá kénging nampi tamu paling kathah 2 tiyang. Namung sadangunipun dinten riyáyá Natal lan Tahun Énggal saget kénging nampi tamu paling kathah 4 tiyang.

    Pranatan énggal puniká ngagètaken lan drastis sanget kanggé masyarakat. Kabinèt mesthi bakal alesan bilih piyambakipun boten gadhah pilihan sanèsipun ngadhepi kasunyatan Omikron sapuniká sampun nyebar. Lajeng amargi kabinèt ugi mirsani bilih cadangan ing griyá sakit sampun telas, pramilá kabinèt boten karsá mundhut risiko punápá kémawon. Piyambakipun sapuniká mundhut ingkang pestèn tinimbang ingkang dèrèng pestèn. Kanthi makaten nembé kaping sepindhah puniká kabinèt boten nepis gelombang nanging nyobi nyegah

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePutri Beatrix Saras Saking Covid-19
    Next Article Déwan Kutháprájá Pekalongan 1937
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.