Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Walandi Netepaken Pranatan Énggal Corona
    Den Haag

    Walandi Netepaken Pranatan Énggal Corona

    By Eddi Santosa13.11.20212 Mins Read
    Hugo de Jonge - Het Javaanse Blad
    Menkes Hugo de Jonge (Foto: Rijksoverheid)

    DEN HAAG – Kabinèt demisionèr Walandi netepaken pranatan ènggal arupi lockdown sebagéan kanggé ngerèm panyebaran virus Corona ingkang muntab malih.

    Pranatan énggal wau dipunaturaken déning Perdana Menteri Mark Rutte sareng kaliyan Menkes Hugo de Jonge mawi konferènsi pèrs ing Den Haag dinten Jemuah dalu utawi Setu énjing (13/12) WIB.

    LIVE: de #persconferentie van premier Rutte en minister @hugodejonge over de laatste stand van zaken rond de aanpak van het coronavirus ⬇ https://t.co/fqy7ES8R4f

    — Mark Rutte (@MinPres) November 12, 2021

    Pranatan puniká katerapaken langsung dinten Setu 13 Nopember 2021 jam 18.00 sakirangipun dugi dinten Setu 4 Desèmber, nanging taksih nenggá pangesahan saking Tweede Kamer (parlemèn). Kabinèt badhé mriksá kahanan malih mangké tanggal 3 Desèmber.

    RIVM

    Cekak aosipun pranatan énggal wau makaten:

    • Kedah njagi let malih 1,5 meter ing panggènan-panggènan ingkang boten wajib kartu Corona.
    • Kedah nganggé masker ing panggènan-panggènan ingkang boten wajib kartu Corona.
    • Layanan sáhá toko-toko sanès bahan pokok, kados toko sandhangan, salon, casino, jam 18.00 kedah tutup.
    • Réstoran, café, toko-toko bahan pokok kados supermarkèt, toko kéwan, toko obat, kénging bika dugi jam 20.00.
    • Mlebet réstoran, café, wajib nedhahaken kartu Corona sáhá wajib lenggah ingkang tetep mboten pindhah-pindhah.
    • Karaméan kedah tutup jam 18.00, wajib nedhahaken kartu Corona lan lenggah tetep, paling kathah 1.250 tiyang.
    • Wajib tutup jam 18.00 boten kanggé tontonan seni lan budháyá kados bioskop, teater, konsèr.
    • Tandhing olahrágá amatir lan profèsional boten kénging wonten penonton. 
    • “Pirembag makaryá ing griyá” dados “Makaryá ing griyá kejawi pancèn boten saget.”
    • Nampi tamu paling kathah 4 tiyang per dinten.
    • Menawi wonten anggota kaluargi katularan, milá sedáyá kedah karantina, ugi kanggé ingkang sampun vaksin lan dèrèng vaksin.
    • Kanggé sekolah menengah, sekolah inggil lan universitas ingkang kénging hadir paling kathah 75, boten kalebet personel.

    Sarèhning Covid-19 muntab malih pramilá kabinèt netepaken pranatan teges kados makaten kanggé ngerèm panyebaran virus Corona lan nyegah griyá sakit kuwalahan nampi párá wargi ingkang sakit.

    Panularan nyebar-nyebar malih amargi kontak antawis tiyang. Supados saget nglindhungi párá kawulá tumrap panyebaran virus Corona pramilá kabinèt damel pranatan tambahan. Pranatan puniká mligi kanggé ngirangi kontak saben dinten, antawisipun gesang sadinten-dinten wekdal siang (sekolah, makaryá, olahrágá, lan sapanunggalanipun) sasaget-sagetipun kedah tetep mlampah, ewodènten gesang wanci dalu dipunwatesi.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePangukuh Pranatan Walandi Kénging Ngagem Jilbab
    Next Article Ngarsá Dalem Ngrawuhi Balletgala Kaping 23
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.