Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Walandi Ngendelaken Listrik Sumber Srengèngè, Angin, Toyá
    Den Haag

    Walandi Ngendelaken Listrik Sumber Srengèngè, Angin, Toyá

    By Eddi Santosa04.03.20212 Mins Read
    Windenergiepark
    credit: volkskrant

    Amargi produksi listrik turah ambrah-ambrah, Walandi taun 2020 wingi saget ngèkspor listrik ngantos 22,4 milyar KWh.

    Produksi listrik ing Walandi saking sumber lestari: srengèngè, toyá, angin lan biomassa taun 2020 wingi mlesat 9,2 milyar KWh utawi mindhak 40%, makaten Centraal Bureau voor de Statistiek (CBS), biro pusat statistikipun Walandi, dinten sapuniká, Kemis (4/2).

    Kesaguhan Walandi ngolah listrik saking sumber srengèngè lan angin sangsáyá inggil antawisipun kanthi damel windpark wonten ing laut, tegesipun ing wilayah laut ingkang jembar dipunceblokaken kitiran angin-kitiran angin kanggé sumber listrik ugi damel papan-papan kanggé sumber listrik srengèngè utawi suryá.

    Sawetárá produksi listrik saking sumber areng batubara sangsáyá kirang, mandhap kathahipun 9,7 milyar KWh. Puniká ngirangi separuhipun dipunbandhingaken kalih taun 2019.

    credit: volkskrant

    Sebagèan sumber listrik sanèsipun ing Walandi dipun pundhut saking gas bumi, amargi bumi Walandi nggadhahi sumber-sumber gas ingkang dipundadosaken sumber listrik. Produksi listrik saking sumber gas bumi taun 2020 kálá wingi mindhak 1,7 milyar KWh ngantos totalipun 70,8 milyar KWh.

    Amargi produksi listrik saking gas bumi dipun tambah saking sumber lestari srengèngè, toyá, angin lan biomassa turah ambrah-ambrah pramilá Walandi taun 2020 wingi saget ngèkspor listrik ngantos 22,4 milyar KWh. Puniká ongká total èskpor listrik paling kathah dipunukur saking taun 1976.

    Éwodéné impor listrik Walandi mandhap 0,6 milyar KWh ngantos 19,8 milyar KWh. Kanthi makaten wonten saldo èkspor kathahipun 2,7 milyar KWh. Walandi wiwitanipun kalebet importir-netto listrik. Paling pungkasan Walandi naté saget langkung kathah ngèkspor listrik tinimbang ngimpor taun 1981 kanthi saldo 97 juta KWh. (es)

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleBra Martani, Kemis Kaping 6 Januwari 1876
    Next Article Ratu Máxima Kersá Nampi Buku Babagan Menopause
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.