Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Walandi Sampun Bébas, Nanging Wajib Coronapas
    Den Haag

    Walandi Sampun Bébas, Nanging Wajib Coronapas

    By Eddi Santosa24.09.20212 Mins Read
    Mark Rutte voor Rijksoverheid.nl
    Mark Rutte, Minister-President, Minister van Algemene Zaken

    DEN HAAG – Kabinet demisioner paring wárá-wárá malih babagan pangowahan beleid Corona, Selásá kapungkur.

    Beleid énggal puniká antawisipun ngemu pranatan bilih párá kawulá boten wajib malih njagi let 1,5 meter, nanging menawi tindak mlebet café kedah mbetá Coronapas (kartu Corona, red) ingkang nedhahaken bilih piyambakipun sampun pikantuk suntik vaksin. 

    Salajengipun ikhtisar beleid énggal makaten:

    Boten Wajib 1,5 Meter

    Pranatan wajib njagi let 1,5 meter wiwit tanggal 25 September 2021 dipuncabut. Kabinet ngetrapaken pranatan puniká 1,5 taun kapungkur minongká ‘normal énggal’ wanci pagebluk Corona utawi Covid-19. Pungkasan aturan 1,5 meter puniká dados simbol jangkah ageng saking pamréntah. Senaosá boten wajib malih, pemerintah wanti-wanti kanthi sanget tetep njagi let 1,5 meter.

    Wajib Bukti Vaksin

    Wiwit 25 September 2021 párá kawulá wajib nedhahaken Coronapas inggih puniká kartu bukti sampun pikantuk vaksin menawi badhé mlebet hotèl, restoran, café, séktor seni lan kabudhayan sáhá pratandhingan olahrágá. Coronapas puniká ngemu katerangan vaksinasi, nembé saras saking Covid-19, utawi tès PCR négatif. Coronapas wajib tumrap sedáyá kawulá wiwit yuswá 13 taun.

    Kénging Fèstival Malih

    Fèstival utawi hajatan ramé-ramé dipunidini malih, kalebet acara sedinten utawi pinten-pinten dinten, kados paméran, éxpo, konsèr musik, lan sapanunggalanipun. Syaratipun inggih puniká párá rawuh saben 24 jam kedah nedhahaken Coronapas. Jumlah párá rawuh utawi pengunjung boten dipunwatesi ugi boten wonten jam wajib tutup kados café. Acara makaten ing café, diskoték lan nightclub kedah tutup tengah dalu.

    Sekolah

    Menawi ing satunggaling kelas wonten siswá positif Covid-19, miturut aturan sapuniká kelas kedah dipunbibaraken lan sedáyá siswá kedah karantina mandiri ing griyá. Wiwit tanggal 20 September 2021 boten makaten malih. Kelas tetep jalan, lajeng dipunpirsani sinten ingkang srawungan raket kalih siswá ingkang positif Covid-19 wau. Senaosá makaten kantor GGD (Dinkes) saget maringi advis mbibaraken kelas menawi kathah ingkang positif Covid-19. 

    Boten Wajib Masker 

    Kelas sekolah madyá dugi universitas boten wajib malih nganggé masker. Nanging pranatan nganggé masker taksih wajib menawi nitih bis, karétá, utawi montormabur (pesawat), semanten ugi menawi mlebet bandara, utaminipun menawi sampun nglangkungi duane.

    Boten Karantina

    Sinten ingkang késahan sampun pikantuk vaksin jangkep wiwit tanggal 22 September 2021 boten usah karantina malih, senaosá saking negari-negari risiko inggil. 

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleNgunjuk Kopi Gesang Langkung Dangu
    Next Article Kabinèt Setop Pakèt Bantuan Ékonomi Wiwit 1 Oktober
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.