Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Walandi Tanpá Kabinèt Sampun 9 Sasi
    Den Haag

    Walandi Tanpá Kabinèt Sampun 9 Sasi

    By Eddi Santosa11.11.20212 Mins Read
    Kawruh Kabinet Walandi Rembugan - Het Javaanse Blad
    Foto: dok. De Tweede Kamer der Staten-Generaal

    DEN HAAG – Pemilu Karajan Walandi sampun kalampahan tanggal 21 Maret 2021, nanging prosès formasi kabinèt antawis partai VVD ingkang menang pemilu, D66, CDA lan CU, dugi dinten sapuniká taksih alot. Sampun 9 sasi saking pemilu utawi 10 sasi sasampunipun kabinet bibar, demisionèr, taksih dèrèng wonten kabinet.

    Lajeng kabar formasi kabinèt salajengipun pripun? RTL Nieuws mireng ‘suanten-suanten positif’ babagan prosès formasi wau. Kadosipun minggu ngajeng párá pangarsá partai sampun saget sarujuk perkawis prajanjian koalisi, makaten sumber anyariosaken dateng RTL Nieuws.

    .@PieterOmtzigt heeft 3 vragen mbt #formatie, nu 10 maanden na val van het kabinet en meer dan 7 maanden na verkiezingen:
    – volgende week tijdspad
    – de week erop een debat
    – of er grote nota's van wijzigingen op de begroting komen
    Oppositie steunt, coalitiepartijen geen steun. pic.twitter.com/0u0bv9fa3a

    — Susanne (@suusonline) November 9, 2021

    Sadèrèngipun informatur Wouter Koolmees dinten Senèn ugi sampun optimis (‘Temponipun rembugan formasi inggil sanget, lancar’), makaten ugi pangarsá partai Christen Unie Gert-Jan Segers (’Kalancaran kados makaten 4 taun kapungkur kulá dèrèng naté ngalami’).

    Nanging liniwekdal, ingkang dipuntangklek déning pangarsá parlemèn Vera Bergkamp boten wonten, kadosipun nembé saget dipunaturaken menawi sampun wonten prajanjian koalisi, makaten párá informatur. 

    Anggota parlemèn Pieter Omtzigt kálá wingi sampun ndhesek, nanging boten pikantuk meerderheid (suanten mayoritas), partai-partai koalisi kabinèt ingkang sapuniká demisionèr boten ndukung.

    Sadèrèngipun minggu kapungkur NRC ugi sampun nyerat bilih párá juru rundhing sampun sami karsá maringi konsèsi, ugi nami-nami párá menteri ingkang bakal lenggah ing kabinèt sampun langkung cethá, antawisipun Hugo de Jonge (sapuniká Menteri Keséhatan) kadosipun bakal kadhapuk mlebet kabinèt malih. Lajeng Wopke Hoekstra (pangarsá partai CDA), koordinator pananggulangan terorisme Pieter Jaap Aalbersberg (CU), Esther de Lange (anggota parlemen Eropa, CDA).

    Puniká wau nggambaraken bilih formasi sampun radi saget dipunnormalaken. Nanging bahan-bahan konflik taksih cekap kathah. Saking kasilipun pemilu Maret kapungkur cethá sanget bilih pemilih ngarsaaken Walandi ‘tengen’, nanging kahanan ékonomi sosial lan finansial nggèsèr parlemèn malah ‘ngiwá’.

    Dados kanggé párá juru rundhing sedáyá wau saget ndorong blánjá anggaran mangké dipunsèndèraken dateng perusahaan arupi pajek bathi ingkang inggil, lan sapanunggalanipun. Kanggé partai VVD minongká partai párá juragan ingkang menang pemilu kadosipun angèl saget nampi.

    Formatur Johan Remkes (VVD) minggu kapungkur sampun ndamel dobrakan, ingkang nyingkiraken ganjelan D66 supados saget nampi ChristenUnie mlebet kabinèt. Éwodènten formatur satunggalipun, Wouter Koolmees (Menteri Sosial demisionèr, D66), sadèrèngipun sampun dados verkenner (juru njajag) sasampunipun Annemarie Jorritsma (VVD) sáhá Kajsa Ollongren (D66) minongká juru njajag milih mundur. Wekdal semanten Koolmees lenggah dados juru njajag kabinèt sareng kaliyan Tamara van Ark (VVD). Sapuniká Van Ark ugi mundur kanthi alesan kaséhatan.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleRaad van State, Putri Oranje Dipuntepangaken
    Next Article Ngarsá Dalem Tuwi Kanegaran ing Norwegia
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.