Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Wargi Walandi Ngirangi Sarem lan Gendhis
    Den Haag

    Wargi Walandi Ngirangi Sarem lan Gendhis

    By Eddi Santosa20.05.20212 Mins Read
    Garam Gula - Het Javaanse Blad
    Cekap 6 gr sarem per dinten (Unsplash)

    DEN HAAG – Mawi kabijakan pamréntah sapuniká wargi Walandi sampun ngirangi dhahar sarem lan gendhis, senaosá makaten taksih saget ambisius malih.

    Saben dinten wargi diwásá Walandi rátá-rátá ngirangi sarem 0,5 gram utaminipun saking roti, daging, kéju, lan sup, lan ngirangi gendhis 7,5 gram (èkuivalèn 30 kalori) utaminipun saking softdrink lan produk susu.

    Ngandhut kathah gendhis (Unsplash)

    Puniká wau akibat langsung saking prajanjian antawis Het Ministerie van Volksgezondheid, Welzijn en Sport (Kamentrian Keséhatan, Kasejahteraan lan Olahrágá) kalih industri pangan ing taun 2014, ingkang ngemu tujuan kanggé njamin párá kawulá Walandi langkung sakedhik pikantuk sarem lan gendhis mawi dhaharan lan unjukanipun.

    Senaosá makaten, miturut Rijksinstituut voor Volksgezondheid en Milieu/RIVM (Lembaga Nasional Keséhatan lan Lingkungan) ongká asupan sarem wargi taksih kalebet inggil inggih puniká rátá-rátá 8,7 gram per dinten (norma séhatipun 6 gram sarem per dinten), lajeng gendhis 114 gram gendhis per dinten (norma séhatipun 25 gram gendhis per dinten).

    RIVM sampun bolan-balèn nindakaken panelitian kanggé ngukur kasilipun prajanjian kalih industri pangan wau, presisipun Akkoord Verbetering Productsamenstelling (Prajanjian Ngowahi Bahan-bahan Produk Pangan). Saking panelitian paling énggal, jebul pabrikan pangan sampun nindakaken ngirangi sarem lan gendhis ing produk panganipun, nanging konsumèn taksih tetep kathah pikantuk sarem lan gendhis mlebet badanipun.

    Sajanipun saget langkung dipunkirangi malih manawi dipundamel prajanjian-prajanjian ingkang langkung ambisius tumrap produk-produk pangan. Bahan-bahan produk pangan ingkang langkung séhat puniká salah satunggaling cárá kanggé dhahar langkung séhat.

    Kajawi makaten damel lan dhahar pilihan-pilihan séhat miturut 4 séhat 5 sampurná ugi wigatos. Milih produk ingkang paling sakedhik ngandhut sarem, gendhis, lan lemak jenuh puniká jangkah paling wigatos tinuju pola dhahar ingkang langkung séhat. Titi nastiti ningali ètikèt pangan ugi saget mbiyantu sanget (es/es).

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePekalongan Nampik Gabungipun Batang
    Next Article Seratan Media Perkawis Panggabungan Batang-Pekalongan
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.