Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Wilhelmina-Park Pekalongan Panggènan Lomba
    Jaman Mbah Buyut

    Wilhelmina-Park Pekalongan Panggènan Lomba

    By Eddi Santosa22.05.20222 Mins Read
    Klik Wilhelmina-Park Pekalongan
    Siswá HIS © Nationale Archief

    PEKALONGAN – Wilhelmina-Park (Taman Wilhelmina) jaman Walandi kanggé panggènan lomba olahraga. Wilhelmina inggih puniká Ratu Walandi éyang buyutipun Rájá Willem-Alexander ingkang jumeneng sapuniká.

    Sasampunipun mardhiká Wilhelmina-Park, presisipun kalenggahan ing práliman kuthá Pekalongan, dados Taman Bintang Kecil, lajeng THR, sapuniká sampun telas dados pertokoan, kantun sekedhik kanggé Monumèn Juang.

    Wanci énjing, tim-tim siswá MULO sáhá párá guru sampun nyiapaken lapangan kanggé tandhing mangké siang. Taman Wilhelmina sampun ramé éndah mawi gendérá lan umbul-umbul, ingkang dipunpasang ing pinggir margi lan wit-witan.

    Lomba Olympische-Oranje-Estafette ingkang ndaftar wonten 10 tim nanging ingkang ndèrèk namung 5 tim, inggih puniká 2 tim saking MULO, 1 tim Chineesche school (sekolah Ciná/HCS), 1 tim Arabische school (sekolah Arab/Al Irsyad), lan 1 tim PGL. Ingkang juara MULO lan Al Irsyad.

    Lajeng Passar Ratoe Estafette, ndèrèk lomba puniká siswá-siswá putrá Europeesche Lagere School (ELS), Hollandsch-Chineesche School (HCS), HCS II, lan Hollandsch-Inlandsche School. Ingkang juara dugi garis pungkasan inggih puniká HCS. 

    Éwodènten ingkang ndèrèk lomba Passar Ratoe Estafette kelompok putri ingkang puniká ELS, HIS, HCS II sáhá Kartini School. Ingkang juara ELS.

    Salajengipun Hindernis-Estafette (Halang Rintang) putrá: ELS, HCS I lan II, HIS, Katholieke Lagere School (KLS), ingkang juara HCS II. Kelompok putri: ELS, HIS, lan Zusterschool (Sekolah Suster), ingkang juara HIS.

    Ingkang pungkasan lomba Duurloop (Maraton) ingkang ndèrèk cacahipun wonten 25. Lomba puniká anyediani 5 hadiah. Juaranipun miturut urutan: Fatkoerachman (PGL) ingkang mlajar rátá-rátá 12 km/jam, Abdoelah Talib, Tiono, Soejono lan Rochani.

    Tim-tim sekolah lan individu (piyambak) ingkang juara dipunkempalaken ing garis finis, ing mriku asistent-resident ngaturaken pidato lan maringi hadiah.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePangéran Constantijn Nampi Titel Doktor Kinurmatan
    Next Article Jawoh Seminggu 1940, Pekalongan Banjir
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.