Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Zaanse Schans, Dhusun Alit Karawuhan 2 Jutá Turis Saben Tahun
    Internasional

    Zaanse Schans, Dhusun Alit Karawuhan 2 Jutá Turis Saben Tahun

    By Eddi Santosa26.10.20213 Mins Read
    Foto: Unsplash/Rudolf-Peter Bakker

    ZAANSE SCHANS – Dhusun Zaanse Schans sadèrèngipun pagebluk Corona karawuhan rátá-rátá 2 jutá turis saben taun. Sapuniká párá wargi mriká boten karsá kados makaten malih, nanging kawigatosan antawis párá wargi njomplang sanget.

    Miturut brosur, Zaanse Schans puniká satunggaling kampung ingkang “unik, ngemu sejarah, kampung molen asli wiwit taun 1850, wiyaripun 4 héktar, kalenggahan ing Kalverpolder, 20 km sisih lèripun Amsterdam. Puniká sanès muséum nanging kampung biasa mlebet kutháprájá Zaandam kanthi kode pos piyambak: 1509, ugi warginipun gegriyá sáhá makaryá ing mriku.

    Foto: Unsplash/Moritz Kindler

    Párá turis mardhiká wira-wiri, mirsani muséum bakkerij (parotèn, panggènan pandamelan roti, red), pangecoran timah, muséum wandé Albert Heijn utawi ngrawuhi pandamelan kèju utawi klompen (sandal saking kajeng, red). Sebagéan kedah mbayar, tuládhá €5 (Rp 82.500) kanggé mlebet mirsani molen, €2 (Rp 33.000) kanggé mirsani patenunan, €12,5 (Rp 206.250) kanggé mlebet Zaans Muséum, parkir mobil €10 (Rp 165.000), toilet €0,70 (Rp 11.550). 

    Nanging sinten ngersaaken dompetipun tetep nutup rapet aliasipun gratis ugi kathah obyèk wisátá mawi plang ingkang negesaken makaten: ‘Gratis Toegang.’ ‘Free Admission.’ Mlebet boten bayar.

    Kathahipun turis ingkang mili datang Zaanse Schans komplit kalih sedáyá tingkah polahipun jebul kanggé párá wargi piyambak kadhang pancèn ngganggu sanget, kados midak sesuketan plataran wargi dados risak, foto-foto selfie mepeti kretek, sawetawis wargi kabotan ngastá blánjá kedah sabar nenggá supados saget miyos.

    Pramilá taun 2020 naliká wonten pagebluk Corona, Walandi tutup boten wonten turis, manuk-manuk mardhiká slempar-slempur ngocèh malih, párá wargi saget sakécá mlampah-mlampah malih sareng segawonipun, turis massal saking máncánegari gantos wargi biasa utawi kadhang kálá turis lokal saking Walandi piyambak, ingkang tingkah polahipun bènten sanget.

    Wanci naliká pagebluk Corona dados wekdal kanggé menggalih, boten namung ing Schans nanging ugi panggènan sanèsipun ing mriku párá turis, párá juragan dedagangan lan párá wargi sami tabrakan kawigatosan: punápá kitá taksih karsá wangsul malih kados kahanan sawaunipun?

    Stichting de Zaanse Schans (Yayasan Zaanse Schans) ingkang ngastá warisan budháyá, panggènan parkir, lan toilèt, wiwit sadèrèngipun Corona sampun ngarsaaken ngirangi turis massal. Yayasan puniká langkung remen ‘turis budháyá’, ingkang karsá bayar all-in (sadayanipun) kanggé mlebet kampung Zaanse Schans kalebet musea, parkir, lan toilèt. 

    Déwan Kutháprájá taun wingi sampun sarujuk tumrap rancangan wau, nanging punápá saget dipuncakaken? Sebab sampun pinten-pinten dásáwarsá wonten rayahan kawigatosan ing Zaanse Schans antawis yayasan, párá juragan, párá wargi, kanthi pitakènan utami: sinten ingkang kuwaos ing mriki?

    Párá pihak wau bentèng cèwèng piyambak, pinten-pinten prakárá hukum ing pangadilan damel kahanan boten langkung saé, kados dipunaturaken déning Van der Meer. Naliká Van der Meer lenggah dados anggota Déwan Kutháprájá taun 2018, piyambakipun langsung pirsá: puniká sanès pakaryan ingkang gampil. Sadèrèng-sadèrèngipun ingkang lenggah ngastá pakaryan puniká boten kiat dangu.

    Van der Meer ngarsaaken kaseimbangan ing Zaanse Schans, saénggá babad panggénan puniká ugi dipungatosaken. “1.100 molen naté ngadeg wonten ing daérah mriki ingkang nami Zaanstreek. Cobi bayangaken, puniká kekiyatan industri ingkang boten kinten-kinten! Punápá malih puniká ing abad kaping 18, jaman pra-industri. Zaanstreek nggadhahi lakon ageng ing dedagangan kuthá Amsterdam. Ing mriki kadadosanipun,” makaten Van der Meer.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticleWanci Bediding, Dalu Wau Suhu Mandhap Dugi -0,9 Celsius
    Next Article Ngarsá Dalem Nampi Pangarsá Parlemèn Jerman
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    • NATO Ngadhepi Kasunyatan Jaman, Genjot Anggaran
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.