Close Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022

      Walandi Resmi Pungkasi Lockdown 

      25.01.2022

      Walandi Longgaraken Lockdown, Horéca Tetep Tutup 

      14.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kangjeng Ratu Máxima Dados Opsir Cadangan
    Kraton

    Kangjeng Ratu Máxima Dados Opsir Cadangan

    By Eddi Santosa18.11.20262 Mins Read
    Kangjeng Ratu Maxima
    Kangjeng Ratu Maxima dados Letnan Kolonel (bron: Rijksvoorlichtingsdienst)

    DEN HAAG – Ingkang Sinuhun Kangjeng Ratu Máxima, sesarengan kaliyan para opsir cadangan sanèsipun cacah tigang likur, kasumpah déning Pangagenging Wájá Bálá Darat, Letnan Jenderal Jan Swillens.

    Sasampuning paripurná anggènipun nggegulang kawruh dados opsir cadangan, Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Ratu kawisuda minggah kalenggahan dados Luitenant-Kolonel saking Staf Jenderal ing Koninklijke Landmacht.

    Salebeting pasamuwan ageng puniká, Pangagenging Wájá Bálá Darat ngaturaken sabdá pangandiká. Ingkang Sinuhun Kangjeng Raja Willem-Alexander sáhá Kangjeng Gusti Pangéran Adipati Anom Putri saking Oranje ugi kepareng rawuh hangestrèni.

    Ingkang Sinuhun Kangjeng Rájá Willem-Alexander ugi rawuh (bron: Rijksvoorlichtingsdienst)

    Puniká dinten ingkang pinandeng miraus sanget kagem Sang Prameswari Máxima: Panjenenganipun Dalem sampun ngrampungaken pamardi dados opsir cadangan lan kawisuda dados Letnan Kolonel ing Koninklijke Landmacht.

    Ingkang Sinuhun Kangjeng Rájá Willem-Alexander sáhá Kangjeng Ratu Ayu Amalia kepareng ndhèrèk wonten ing dinten Jumuah sonten saperlu mangayu bagyá prastáwáageng puniká. Upacara kasebut kalampahan wonten ing Pamardi Kaprajuritan Karajan (Koninklijke Militaire Academie/KMA) ing kuthá Breda.

    Pangagenging Wájá Bálá Darat, Jenderal Jan Swillens, ngaturaken sesorah kahundjuk dumateng Sang Prameswari. Kangjeng Ratu Máxima nglumebetaken sarirá dados opsir cadangan wonten ing wiwitaning taun puniká. Boten dangu saking puniká, Sampejan Dalem miwiti pamardi kamiliteran. Pamardi puniká ngemu babagan téori sáhá praktik, kalebet nggegulang katrampilan dhasar kaprajuritan.

    Kangjeng Ratu Máxima nglumebetaken sarirá “amargi katentremaning prájá sampun boten saged kaanggep mesthi malih, lan Panjenenganipun Dalem, kados déné kawulá kathah sanèsipun, kersá paring pisumbang dumateng katentremaning negari punika,” makaten pawartos resmi saking RVD (Rijksvoorlichtingsdienst).

    Kangjeng Ratu Máxima ingkang naliká samanten yuswa sèket sekawan taun kedah énggal-énggal nglumebetaken sarirá: awit namung dipunkeparengaken ngantos yuswá sèket gangsal taun kanggé katetepaken dados opsir cadangan ing Wájá Bálá Darat.

    Ing wulan Mèi kapengker, Sang Prameswari sampun ngrampungaken pérangan sepisan saking pamardinipun. Pangageng Akademi Pertahanan Walandi (Nederlandse Defensieacademie) naliká samanten nyebut bilih Kangjeng Ratu Máxima puniká “dados tepá-palupi kanggé tiyang kathah” sáhá satunggaling priyantun luhur ingkang “paring greget, nyengkuyung, lan dados sumbering pepadhang”.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Previous ArticlePajek Gendhis Awit Januari 2024
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • Kangjeng Ratu Máxima Dados Opsir Cadangan
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    • Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung
    • PM Walandi Tuwi Zelensky Sasampunipun Jokowi
    • ‘Marikangen’ Rokok Top Priyantun Solo
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Kangjeng Ratu Máxima Dados Opsir Cadangan

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      Inlander Udud Klobot, Klaras, Kawung

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Type above and press Enter to search. Press Esc to cancel.