DEN HAAG – Pakempalan ageng antawisipun partai D66, VVD, sáhá CDA samangké saweg ngancik ing pucuking jurang bebáyá, sasampunipun kawontenaken pirembagan ingkang kalintang awrat sáhá mèh kémawon murugaken gègèr ageng babagan Angger-anggering Paos ing warsá 2027.
Paos tegesipun Pajek
Ingkang wiwitanipun namung minangká pirembagan tèknis babagan étangan artá negari sáhá éwah-éwahaning paos, wekasanipun ngrebdá dados prakawis ageng ingkang ngancam kapitadosan wonten ing salebeting Kabinet Minoritas ingkang dipunpandhégani déning Papatih Agung (Perdana Menteri) Rob Jetten.
Bab ingkang dados underaning prakawis wonten ing Kabinet Minoritas-Jetten puniká pancèn sampun dados wataking kawontenan: tanpá wontenipun panyengkuyung ingkang gumathok saking Rad Kawulá (Tweede Kamer, parlemèn) sáhá Rad Luhur (Eerste Kamer, senat), saben-saben badhé ngersakaken angger-angger énggal kedah pados panyengkuyung ingkang gantos-gumantos.

Naliká ngrembag babagan Angger-anggering Paos 2027, ingkang dipunbelá déning Mentri Eelco Heinen sáhá Wakil Mentri Eelco Eerenberg saking Departemen Keuangan, lampahing pados panyengkuyung wonten ing parlemen puniká pranyátá rumpil sanget.
Gègèr ageng puniká sayektosipun murub sasampunipun káncá sakempalan, inggih puniká D66 sáhá CDA, mutusaken badhé rembagan piyambak kaliyan golongan oposisi PRO sáhá Volt, tanpá ngajak partai VVD.
Kanggé ngamanaken swanten sadèrèngipun wekdal pamungutan swanten ingkang wigati, kekalihipun damel prajanjian sapèrangan ingkang ndadosaken tatanan paos puniká langkung condhong dhateng golongan kiwá (sosialis).
Wosipun prajanjian puniká ngawrat babagan tambahing awratipun paos tumrap bándhá donyá, sáhá ngèsèr kawicaksanan miturut prinsip bilih pundhak ingkang langkung kiyat kedah nanggung momotan ingkang langkung awrat.
Pérangan saking rancangan ingkang dipunéwahi puniká ngawrat punápá ingkang dipunwastani paos tumrap párá hartawan (miljonairstaks), éwah-éwahan wonten ing paos bándhá (Box 3), sáhá ngadhepi rekádáyá paos kados déné hibah ingkang namung wonten ing sadhuwuring dlancang, déné paos tumrap tiyang nyambut damel dipunènthèngaken sekedhik lumantar undhak-undhakaning potongan paos.
Tumrap partai VVD, lumantar pangandikanipun pangarsá Dilan Yeşilgöz sáhá párá juru wicárá babagan artá, tumindak puniká karaos kados déné sudukan duwung saking wingking ing babagan politik.
VVD minángká partai liberal puniká gadhah raos kuwatos bilih tambahing paos tumrap bathi sáhá bándhá badhé ngrisak swasáná nanem modhal ing tanah Walandi sáhá ndadosaken párá sudagar sami késah medal saking Walandi.
Wonten ing salebeting partai VVD, tuwuh raos bilih káncá koalisi sampun nggantos prajanjian pamaréntah piyambak kaliyan pirembagan sesidheman sareng golongan oposisi.
Naliká pirembagan ageng (pléno) ing dinten Kemis tanggal 12 November, sedáyá sesambetan ingkang renggang puniká lajeng kawiyak kanthi cethá. Pangarsá fraksi D66 Jan Paternotte sáhá pangarsá CDA Henri Bontenbal mbelá tumindakipun minangká satunggaling kapeksaan murni supados negari tetep saged dipunpréntah sáhá ngéndhani bebáyá krisis anggaran.
Papatih Agung Jetten ing tembé wingking ngakèni bilih panjenenganipun mbokbilih keladuk gadhah pangajeng-ajeng ingkang saé babagan gampiling lumampahing koalisi minoritas.
Golongan oposisi ningali lelampahan puniká kanthi raos ingkang manéká warni. Déné PRO sáhá Volt ningali tapak astanipun wonten ing Angger-anggering Paos ingkang sampun dipunsahaken, golongan sanèsipun nyebat babagan puniká minangká satunggaling percobaan politik ingkang sampun telas wekdalipun.
Pangarsá PVV Geert Wilders ndamel dudutan bilih VVD sampun kawon wonten ing babagan puniká sáhá ngajak golongan liberal supados medhot sesambetanipun kaliyan pamaréntah.
Wekasanipun, Angger-anggering Paos 2027 ingkang sampun dipunéwahi puniká dipunsahaken déning Rad Kawulá, kalebet aturan paos bándhá ingkang dados padudon sáhá tetepipun potongan cukai tumrap bahan bakar.
Kanthi mekaten, bebáyá anggaran ingkang caket tumrap tanggal 1 Januari kanggé sawatawis sampun sumingkir, sanadyan taksih kedah ngadhepi lampah dhateng Rad Luhur.
Éwá semanten, regá politik ingkang kedah dipunbayar kanggé kamenangan babagan paos puniká kalintang awis.
Sasampunipun pirembagan darurat ngantos pinten-pinten jam, kabinet pancen saged ngliwati guncangan ingkang sepisanan, nanging pecahing kapitadosan ing antawisipun párá káncá sampun nilaraken tatu ingkang lebet.
Pitakènan ingkang ngebaki manahipun párá pangageng ing Den Haag ing minggu-minggu ngajeng puniká sanès malih babagan pinten agengipun paos ingkang lumampah, nanging punápá koalisi puniká taksih saged langgeng terus utawi boten.

