Tutup Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027

      21.11.2026

      Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis

      21.11.2026

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis
    Den Haag

    Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis

    Déning Eddi Santosa21.11.2026Menit Maos
    Parembagan Ageng Rad Kawulá
    Parembagan Ageng párá Wakil Rakyat ing Rad Kawulá, Binnenhof

    DEN HAAG – Majelis Tweede Kamer ngersakaken supados reginipun karcis sepur ing taun 2027 boten mindhak awis. Usul saking golongan Partij voor de Dieren sampun angsal swanten ingkang kathah sanget. 

    Golongan ingkang ndèrèk ngastá pameréntahan, inggih puniká CDA lan D66, ugi ndhèrèk nyuwuni rujuk, sanadyan wonten kabotan saking Kanjeng Staatssecretaris saking golongan CDA, Nyai Annet Bertram (ingkang ngastá babagan sepur).

    Sadèrèngipun sampun dipunbiwarakaken bilih amargi mindhakipun wragad, reginipun karcis sepur ing taun 2027 mangké badhé mindhak 4,7%. Nanging ing dinten Kemis, swanten ingkang kathah sanget, kalebet golongan CDA lan D66, sampun nyrujuki usulipun salah satunggaling anggota Tweede Kamer saking Partij voor de Dieren, inggih puniká Nyai Ines Kostic. 

    Panjenenganipun ngendiká bilih puniká “kabar ingkang saé sanget kagem párá kawulá Walandi”.

    Angsalipun swanten kathah kagem usul puniká asalipun saking prajanjian antawisipun golongan CDA lan D66 kaliyan Partij voor de Dieren ing minggu kapengker, supados rancangan pajeg saged dipuntampi déning Majelis Tweede Kamer.

    Kanthi pambiyantunipun golongan Denk lan Partij voor de Dieren, rancangan pajeg puniká angsal swanten ingkang cekap, sanadyan golongan VVD boten nyrujuki. Minangká leliripun swanten puniká, Partij voor de Dieren nyuwun pambiyantu kagem mbatalaken mindhakipun regi karcis.

    Ingkang dados kawigatosan, inggih puniká CDA lan D66 kanthi makaten boten nuruti pamanggihipun Kanjeng Staatssecretaris Annet Bertram. Ing dinten Rebo sonten, panjenenganipun ngendiká gadhah raos condhong dhateng usul puniká, “amargi mbiyantu supados angkutan umum saged dipuntumbas dening tiyang kathah”. 

    Nanging panjenenganipun ugi ngèngetaken bilih ing taun 2027 panjenenganipun piyambak badhé ngaturaken rancangan ingkang langkung wiyar babagan kados pundi cárá mbayar wragad angkutan umum ing wekdal ingkang langkung dangu. 

    Panjenenganipun ugi rumaos kuwatos babagan sagedipun dipuntindakaken déning Maskape Sepur NS, punápá artá ingkang wonten cekap kagem nggantos karugianipun NS, sartá ngèngetaken bilih bab puniká saged nyebabaken mindhakipun regi karcis ing taun 2028.

    Salebeting usulipun, Partij voor de Dieren nedahaken bilih artá tirahan saking program karcis mirah ing sepur ingkang kalampahan ing mangsá panas kapengker saged dipun-ginaaken. Punápá artá puniká cekap, badhé katingal ing tembé wingking. 

    Mbatalaken mindhakipun regi puniká mbetahaken wragad langkung saking 100 yuta Euro. Kajawi puniká, ing taun ngajeng rembagan bab puniká badhé timbul malih. Sadèrèngipun, Maskapé NS ngendiká bilih mindhakipun regi dipunbetahaken amargi mindhakipun regi barang-barang (inflasi) ing taun 2026 lan 2027. 

    Menawi Tweede Kamer boten tumindak ngalangi, ing taun 2028 regi karcis sepur tetep badhé mindhak 4,7%, katambahan malih mindhakipun regi énggal ingkang mbokmenawi wonten.

    Salah satunggaling juru wicárá saking Kanjeng Staatssecretaris Annet Bertram ngendiká bilih sapuniká nembé dipungalih “kados pundi putusan (mosi) puniká saged dipuntindakaken”. 

    Bab puniká sanès ingkang sepisanan kadadosan ing wekdal ingkang nèpèt: ing taun 2023 bab puniká ugi naté kadadosan lan mindhakipun regi ingkang sampun karancam kagem taun 2024 saged dipunalangi.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Artikel SadèrèngipunKangjeng Ratu Máxima Dados Opsir Cadangan
    Salajengipun Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar
    • Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027
    • Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis
    • Kangjeng Ratu Máxima Dados Opsir Cadangan
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar

      Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027

      Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Monggo ngetik mriki lan pèjèt Enter kanggé madosi. Pèjèt Esc kanggé mbatalaken.