Tutup Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027

      21.11.2026

      Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis

      21.11.2026

      Pajek Gendhis Awit Januari 2024

      01.12.2023

      Rokok ing Walandi Bakal Rp 620.440 Sawungkus 

      02.06.2022

      Lockdown Rampung, Wajib Kartu Corona 

      26.01.2022
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar
    Internasional

    UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar

    Déning Eddi Santosa21.11.2026Menit Maos

    BRUSSEL — Ing dinten puniká, Pakempalan Negeri-negeri Eropa (EU) sáhá Indonesia sampun sami tapak astá wonten ing serat prajanjian babagan dagang ingkang wiyar (CEPA) dalah prajanjian babagan pangayomaning pawitan. 

    Lumantar prajanjian kalih puniká, Parentah Agung ing Brussel (Belgia) langkung ngraketaken pamitran babagan pangupájiwá kaliyan Indonesia, nagari paling ageng ing Tanah Asia Kidul-Wetan, ugi kanthi cacahing kawulá paling kathah kaping sekawan ing saindhenging jagad. 

    Kanthi lampah puniká, Pakempalan Negeri Eropa gadhah karsá njembaraken sesambetan dagang sáhá langkung njagi kawilujenganing pasokan bahan mentah miwah dáyá energi.

    Miturut pétangan saking párá winasis ing Eropa, prajanjian puniká badhé nekakaken indhaking kemajengan ing babagan pangupájiwá tumrap kekalih nagari. Pangintuning barang dagangan saking Eropa dhateng Indonesia dipunkinten-kinten badhé mindhak mèh 40% ing salebeting 15 taun ngajeng, utaminipun ing babagan mesin-mesin, karétá mesin (oto), sáhá wesi-wesian. 

    Kosok wangsulipun, pangintuning barang sáhá leladi saking Indnesia dhateng Eropa badhé mindhak langkung saking 14%. Menawi tanpá prajanjian puniká, kasiling pangupájiwá ing salebeting nagari (PDB) tumrap Pakempalan Negeri Eropa ing 15 taun malih badhé kirang 16 milyar Euro; déné tumrap Nagari Indonesia, bèntenipun ngantos 27 milyar Euro.

    Pangicalan Bea Mlebet

    Prajanjian puniká ngicalaken bea mlebet tumrap 98,5% saking sadáyá dhaptar tarip. Párá sudagar Eropa ingkang ngintun barang dhateng njawi rangkah, kalebet ing babagan tetanèn sáhá tetedhan, saged ngirit artá pabéan langkung saking 600 yuta Euro saben taunipun. 

    Kajawi puniká, párá kongsi dagang saking Eropa badhé pikantuk margi ingkang langkung gampil tumuju ing babagan-babagan wigati ing Indonesia, kados tá babagan jampi-jampi (farmasi), piranti listrik (éléktronika), sáhá karétá listrik. 

    Ing babagan tilgram utawi tilpun (telekom) sáhá kawruh informasi (IT), párá kongsi saking Eropa samangké kaparengaken nyawisaken leladi kanthi kagungan piyambak sacárá wutuh. 

    Prajanjian puniká ugi netepaken pangayoman tumrap hak ciptá kapinteran, kalebet pangakénan tumrap 221 tetenger papan asal barang khas saking tlatah-tlatah ing Eropa. 

    Prajanjian babagan pawitan ingkang kapisah ugi ngayomi párá juragan ingkang nanem pawitan saking Eropa miwah Indonesia saking tumindak pangrebutan bándhá kanthi sawénang-wénang, pambéda-bédan, utawi panolaking kaadilan, sanadyan kekalih pihak taksih kagungan wewénang netepaken angger-angger piyambak.

    Iklim Sáhá Lisah Sawit

    Ing babagan kalestantunan alam sáhá bahan mentah, prajanjian puniká nggampilaken pangintuning bahan mentah ingkang wigatos dhateng njawi rangkah, kanthi sarat kedah wonten pratélan babagan pangaribáwá dhateng alam (milieueffectrapportages). 

    Prajanjian Babagan Hawa ing Paris kalebet dados pérangan baku ing prajanjian puniká, sesarengan kaliyan sarujuk babagan hak-hak párá kuli utawi buruh sáhá aturan mirunggan tumrap dagang lisah klapa sawit.

    Lampah Salajengipun

    Sadèrèngipun prajanjian-prajanjian puniká katindakaken kanthi resmi, Dewan Parlemen Eropa kedah maringi idin rumiyin. Sesarengan kaliyan puniká, Paréntah Agung Indonesia ugi nindakaken tátá cárá panggesahan miturut pranatanipun piyambak. 

    Dipunkinten-kinten, prajanjian-prajanjian puniká badhé wiwit katindakaken sawetawis ing wiwitan taun 2027.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    Artikel SadèrèngipunGègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027
    Add A Comment

    Comments are closed.

    Nembé Mlebet
    • UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar
    • Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027
    • Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis
    • Kangjeng Ratu Máxima Dados Opsir Cadangan
    • Pajek Gendhis Awit Januari 2024
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar

      Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027

      Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Monggo ngetik mriki lan pèjèt Enter kanggé madosi. Pèjèt Esc kanggé mbatalaken.