DEN HAAG – Kálá puniká ingkang dados Rancangan Paos Taun 2027 saking Pamaréntah Minoritas Jetten (D66, VVD, sáhá CDA) ing nagari Walandi sampun nuwuhaken gègèran ageng ingkang ngantos dados krisis papréntahan.
Awit déné golongan pamaréntah puniká boten gadhah swanten mayoritas wonten ing Rad Kawulá (Tweede Kamer) punapadéné ing Rad Luhur (Eerste Kamer), milá Panjenenganipun Patih Agung (Perdana Menteri) Rob Jetten kapeksá kedah pados pambiyantu dhateng golongan oposisi.
Ingkang dados jalaranipun, partai VVD ngugemi lampah tengen (konservatif) sáhá boten kersá ngalah sakedhik kémawon dhateng partai kiwá (sosialis) déné partai D66 kaliyan CDA malah nyaketi partai oposisi kiwá, inggih puniká PRO sáhá Volt.

Pasulayan ing salebeting pamaréntah puniká lajeng mbledhos naliká suryá kaping 11 wulan Nopèmber, sasampunipun D66 sáhá CDA sesidheman damel prajanjen pajeg kaliyan Radèn Jesse Klaver (PRO) sartá Radèn Laurens Dassen (Volt) tanpá kawuningan déning VVD.
Sekawan golongan puniká sarujuk ngowahi rancangan pajeg wau ngantos watárá satunggal milyar Euro, kanthi mindhahaken awrating pajeg saking párá tiyang nyambut damel dhateng párá tiyang sugih ingkang gadhah bándhá.
Pangagenging partai VVD, Radèn Ayu Dilan Yesilgöz, duká sanget, lajeng medhot sesambetan kaliyan káncá-kancanipun ing pamaréntah awit wates-watesing rembag sampun dipun terak, sartá nindakaken lampah ingkang élok, inggih puniká sareng-sareng kaliyan golonganipun nampik rancangan paosipun pamaréntahipun piyambak.
Sanajan dipun palangi déning VVD, Rancangan Paos ingkang sampun dipun éwahi puniká saged pikantuk swanten mayoritas ing Rad Kawulá naliká suryá kaping 12 wulan Nopèmber, sanajan tipis sanget: 76 swanten sarujuk, 74 nampik.
Éwádéné pasulayan puniká dereng paripurná. Ing Rad Luhur, golongan-golongan ingkang nyengkuyung rancangan puniká namung gadhah 34 kursi saking gunggung 75 kursi. Manawi párá wakil VVD ing Rad Luhur ugi nampik ing madyá wulan Dhesèmber mangké, milá D66 sáhá CDA kedah pados tambahan paling sakedhik sekawan swanten malih saking partai-partai alit, supados nagari Walandi boten ngalami karisakan babagan pajeg ing taun énggal.
Menggah pikantukipun tumrap kanthongipun kawulá Walandi, prajanjèn ingkang sampun dipun sahaken puniká mbetá éwah-éwahan ingkang ageng. Lumantar usulan saking PRO sáhá Volt, artá mèh 900 yutá Euro dipun cawisaken kanggé ngènthèngaken pajeg tumrap tiyang nyambut damel: tarip pajeg ing tataran sepisan box 1 dipun sudakaken, ingkang langsung paring pangènthèng-ènthèng dhateng párá tiyang nyambut damel ingkang asilipun sedhengan.
Kajawi puniká, sudaning ouderenkorting (potongan paos tumrap tiyang sepuh) ingkang sampun dipun rancang sadèrèngipun dipun sudá Euro malih, sanajan bab puniká dipun tutup kanthi ngirangi undhak-undhakaning arbeidskorting.
Ananging ing wekdal ingkang sami, párá kawulá sáhá brayat ing taun ngajeng taksih kedah nanggung awrating paos tambahan, ingkang antawisipun jalaran saking vrijheidsbijdrage (urunan kamardikan) kanggé kapreluwan prajurit sáhá wates-watesing tataran paos ingkang boten tumut mundhak miturut regining barang (inflasi).
Awit saking puniká, dáyá tumbasipun kawulá rátá-rátá namung mandheg wonten ing ángká nul persèn, déné bayaran jaminan kasarasan (zorgpremie) ingkang mindhak sáhá eigen risico ingkang dipun tetepaken dados 400 eurougi badhé ngirangi artá blánjá padintenan.
Ingkang kedah nanggung awrating paos kanggé ngènthèngaken párá tiyang nyambut damel puniká inggih párá tiyang sugih, perusahaan kulawargá, sáhá párá juragan modal (beleggers).
Kanggé nutup bolongan ing anggaran nagari Walandi wau, wiwit taun 2029 badhé wonten tarip inggil énggal 38,5 persèn ing box 3 tumrap bathining bándhá ingkang nglangkungi 60.000 Euro saben taun, sartá cárá-cárá kadostá ‘hibah ing dluwang’ (schenken op papier) badhé dipun pajegi kanthi kenceng.
Kajawi puniká, wates-watesing pajeg warisan sáhá hibah (erf- en schenkbelasting) sartá box 2 dipun bekukaken ngantos taun 2031, satemah sinten kémawon ingkang numpuk utawi marisaken bándhá badhé langkung rikat kénging tarip pajeg ingkang langkung inggil.
Cekakipun, Pamaréntah-Jetten kanthi rékadáyá ingkang awrat sampun saged ngicali wisaning mudhunipun dáyá tumbas tumrap párá tiyang nyambut damel sáhá tiyang sepuh, nanging kanthi regá politik ingkang awis sanget.
Sesambetan ing salebeting pamaréntah sampun risak ngantos dumugi balung sungsum, sáhá sadèrèngipun Rad Luhur paring palilah, mayutá-yutá párá wajib pajeg taksih dipun bayang-bayangi kuwatos bilih serat tagihan pajeg sauntárá (voorlopige aanslagen) mangké boten cocog kaliyan kasunyatanipun.

