Tutup Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Kanjeng Putri Amalia Ngacarani Pangéran Adipati Anom Hussein saking Yordania

      28.11.2026

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022
    • Den Haag

      Wulan Nopèmber Paling Asrep Wiwit 1998

      27.11.2026

      Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar

      22.11.2026

      Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi

      21.11.2026

      Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027

      21.11.2026

      Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis

      21.11.2026
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kanjeng Putri Amalia Ngacarani Pangéran Adipati Anom Hussein saking Yordania
    Kraton

    Kanjeng Putri Amalia Ngacarani Pangéran Adipati Anom Hussein saking Yordania

    Déning Eddi Santosa28.11.2026Menit Maos
    Kanjeng Putri Amalia van Oranje
    Kanjeng Putri Amalia saking Trah Oranje, Karajan Walandi (bron: Rijksvoorlichtingsdienst)

    DEN HAAG – Kanjeng Putri Amalia badhé ngacarani rawuhipun Pangéran Adipati Anom Hussein bin Abdullah al-Hasyimi saking Nagari Yordania dalasan ingkang garwá wonten ing Papan Anggegáná Rotterdam The Hague ing dinten Rebo suryá kaping 2 wulan Dhésèmber.

    Sakaliyan garwá puniká badhé ngawontenaken pepanggihan lan lelampahan dhateng Nagari Wálandi dangunipun tigang dinten saperlu mahargyá ambal warsá kaping 75 sesambetan diplomatik ing antawisipun nagari kekalih puniká. 

    Kantor Pawartos Karajan (RVD) mratélakaken bilih puniká minangká ingkang sepisanan Kanjeng Putri saking Trah Oranje ngacarani rawuhipun santáná dalem saking karajan sanès wonten ing Nagari Wálandi.

    Pangéran Adipati Anom saking Yordania lan Kanjeng Putri Amalia ing dinten Rebo badhé tedhak mriksani APM Terminals wonten ing palabuhan kuthá Rotterdam. 

    Salebeting pepanggihan puniká, kekalihipun ngrembag babagan margi kanggé ngiyataken sesambetan lan pakaryan ing antawisipun palabuhan Rotterdam kaliyan palabuhan Aqaba, Yordania. Sasampunipun puniká, Kanjeng Pangéran Hussein lajeng tedhak dhateng Erasmus Center for Data Analytics.

    Ing dinten Kemis, Kanjeng Pangéran Hussein badhé tedhak dhateng Gedhong Parlemèn (Staten-Generaal) wonten ing kuthá Den Haag. Panjenenganipun dalem badhé pinanggih kaliyan Pángarsá Majelis Luhur (Eerste Kamer) sáhà Pángarsá Majelis Andhap (Tweede Kamer). 

    Sasampunipun puniká, Tuwan Ministèr-Présidhèn Rob Jetten badhé nampi rawuhipun Kanjeng Pangéran Adipati Anom wonten ing Dalem Catshuis. 

    Wonten ing kuthá Delft, Kanjeng Pangéran saking Yordania wau badhé tedhak mriksani kantor panalitèn Deltares, ingkang mligi nliti babagan toya, dalasan pamulangan luhur IHE Delft.

    Ingkang Sinuhun Kanjeng Sri Nárendrá Willem-Alexander dalasan Kanjeng Ratu Máxima badhé ngawontenaken bujáná andrawiná ing wanci dalu dinten Kemis kanggé ngurmati Pangéran Adipati Anom Hussein wonten ing Kedhaton Huis ten Bosch. 

    Wonten ing pahargyan dhahar dalu puniká, Kanjeng Putri Amalia lan Kanjeng Putri Rajwa al-Hussein, garwanipun Kanjeng Pangéran Hussein, ugi kapareng rawuh.

    Ing dinten Jemuwah, Kanjeng Pangéran Hussein badhé tedhak dhateng laladan pangrembakaning kawruh lan tèknologi Brainport Eindhoven. Tuwan Burgemeester Jeroen Dijsselbloem saking kuthá Eindhoven badhé nampi rawuh dalem wonten ing pamulangan luhur Technische Universiteit Eindhoven.

    Andumaken. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    SadèrèngipunKakuwataning TNI Surud Sanadyan Waragad Minggah Langkung Kathah
    Monggo Nyerat Komentar

    Nuwun sèwu Komentar sampun ditutup

    Nembé Mlebet
    • Kanjeng Putri Amalia Ngacarani Pangéran Adipati Anom Hussein saking Yordania
    • Kakuwataning TNI Surud Sanadyan Waragad Minggah Langkung Kathah
    • Wulan Nopèmber Paling Asrep Wiwit 1998
    • Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar
    • Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Kanjeng Putri Amalia Ngacarani Pangéran Adipati Anom Hussein saking Yordania

      Kakuwataning TNI Surud Sanadyan Waragad Minggah Langkung Kathah

      Wulan Nopèmber Paling Asrep Wiwit 1998

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Monggo ngetik mriki lan pèjèt Enter kanggé madosi. Pèjèt Esc kanggé mbatalaken.