Tutup Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar

      22.11.2026

      Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi

      21.11.2026

      Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027

      21.11.2026

      Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis

      21.11.2026

      Kangjeng Ratu Máxima Nampi Pangagengipun Pakempalan Bank Jagad

      14.11.2026
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi
    Den Haag

    Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi

    Déning Eddi Santosa21.11.2026Menit Maos
    Penyu ing Walandi
    Lepèn ing Kinderdijk, Walandi (bron: Thomas Bormans)

    DIRKSLAND – Ingkang sepisanan wonten ing Nagari Walandi, tiganipun penyu saking máncá nagari (lettersierschildpad) sampun netes wonten ing alam bébas. 

    Penyu-ppenyu toyá puniká kapanggih wonten ing satunggaling kalèn ing dhusun Dirksland, pulo Goeree-Overflakkee. Bilih sato kéwan saking njawi rangkah saged tangkar-tumangkar wonten ing toyaning Nagari Walandi puniká sanès pawartos ingkang saé, makaten pangandikanipun párá sarjáná bab penyu.

    Kanggé cethanipun: bilih wonten penyu pipi jené, pipi abrit, sáhá padharan jené ingkang nglangi wonten ing kalèn-kalèn sáhá blumbang ing Nagari Walandi, puniká sanès perkawis énggal. Sampun pitung dasá warsá dangunipun, sato saking máncá ingkang asalipun saking Amérika Lèr puniká katingal wonten ing alamipun Nagari Walandi.

    Ingkang dados perkawis énggal inggih puniká bilih penyu toyá wau sapuniká sampun manak. Susuh ingkang sepisanan kapanggih wonten ing toyá celak gréjá ing Dirksland. Susuh wau isi tigan selikur iji, ingkang nembelas sampun netes. Anak penyu kalih sampun kacepeng sáhá sapuniká karimat wonten ing kantor Faunawatch ing Limburg Kidul.

    Párá anak penyu wau bobotipun sekawan ngantos gangsal gram, sáhá panjangipun thothok wolulikur ngantos tigang dásá milimèter, makaten cathetanipun Faunawatch. Kawontenanipun sami wilujeng.

    Sato Máncá

    Penyu saking máncá nagari wiwit warsá 2016 sampun mlebet ing pratélan Éropa minángká sato máncá ingkang ngrisak (invasieve exoten). Tegesipun, sato wau boten kénging dipun tumbas utawi dipun sadé malih.

    “Wonten ing kasunyatanipun, kulá sedáyá sumerep bilih sato ingkang gesang wonten ngriki sami dipun sukakaken dhateng tiyang sanès. Upaminipun lumantar papan panyadéan Marktplaats,” makaten aturipun Nyonyah Annabel van der Horst saking Schildpaddenopvang.

    Párá penyu ingkang kluyuran wonten ing alam bébas puniká, limrahipun dipun bucal déning bendaranipun utawi ucul piyambak. Sato puniká mundhak ageng sáhá yuswanipun saged dumugi sekawan dásá ngantos sèket warsá. 

    Nyonyah Van der Horst ngandiká: “Sasampunipun tigang utawi sekawan warsá, kathah ingkang gadhah lajeng bosen. Penyunipun dados kagengen. Lajeng dipun uculaken wonten ing alam bébas ing papan-papan ingkang sadèrèngipun sampun naté katingalan penyu.”

    Kanthi sedáyá akibatipun. Wonten ing blumbang-blumbang, párá penyu wau sami nedhá ulam, sato amfibi, sáhá tetuwuhan toyá. Jinis-jinis sato asli ngriki sami dipun mangsá déning penyu wau. Kajawi puniká, penyu-penyu wau ugi saged nulari sesakit utawi ámá (parasieten).

    Miturut pétangan, wonten kinten-kinten kalih atus èwu penyu kados makaten ingkang gesang wonten ing alamipun Nagari Walandi. Pranatan kanggé nyepeng utawi mejahi penyu puniká dèrèng wonten. Amargi sato wau kaanggep boten saged tangkar-tumangkar wonten ngriki sáhá boten kénging dipun tumbas, cacahipun badhé sudá piyambak, makaten pamanggihipun. Ananging pamanggih puniká sapuniká katingal sampun telat. 

    “Kapanggihipun susuh puniká ateges bilih pranatan supados penyu puniká cures piyambak sampun boten ampuh malih,” makaten pangandikanipun Tuan Tim Huijsmans saking Faunawatch. 

    “Menawi saged manak, cacahipun namung badhé sansáyá kathah.”

    Tambah malih, jinis-jinis ingkang langkung énggal, kados tá hiërogliefensierschildpad, taksih kénging dipun sadé, satemah jinis-jinis énggal tansah mlebet ing alam bébas, makaten pémutipun Tuan Huijsmans.

    Sáé Faunawatch punápá déné Stichting Schildpaddenopvang sami nyuwun dhateng Pamaréntah (Goebernemen) supados énggal tumindak sadèrèngipun cacahing penyu boten saged kakendhalèni, kados déné kedadosan sadèrèngipun tumrap urang lèpèn saking Amérika.

    Papan Pangayoman

    Sato-sato puniká kedahipun dipun cepeng lajeng kabektá dhateng papan pangrimatan Natura 2000, makaten usulipun Tuan Huijsmans. 

    “Wonten ing bab puniká, ingkang kedah dipun gatosaken rumiyin inggih puniká toyá wonten ing tlatah Natura 2000, sarèhning wonten ngriku gesang jinis-jinis sato ingkang ringkih ingkang kaancam cures menawi cacahing penyu mundhak kathah.” ngendikanipun Tuan Huijsmans.

    Stichting Schildpaddenopvang ing warsá ngajeng badhé mbikak papan pangayoman ingkang sepisanan kanggé sato-sato puniká wonten ing dhusun Kollumerzwaag, ingkang saged nampung kalih dasá èwu penyu. 

    Yayasan puniká gadhah kersá nyegah supados sato-sato wau boten dipun bedhil sáhá dipun pejahi. “Wonten ing panggénan kulá, sato-sato puniká taksih saged ngraosaken gesang ingkang mulyá,” makaten pangandikanipun Pangarsá Tuan Gerard van der Wijk.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    SadèrèngipunUE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar
    Salajengipun Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar
    Monggo Nyerat Komentar

    Nuwun sèwu Komentar sampun ditutup

    Nembé Mlebet
    • Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar
    • Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi
    • UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar
    • Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027
    • Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar

      Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi

      UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Monggo ngetik mriki lan pèjèt Enter kanggé madosi. Pèjèt Esc kanggé mbatalaken.