Tutup Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar

      22.11.2026

      Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi

      21.11.2026

      Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027

      21.11.2026

      Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis

      21.11.2026

      Kangjeng Ratu Máxima Nampi Pangagengipun Pakempalan Bank Jagad

      14.11.2026
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Kangjeng Ratu Máxima Nampi Pangagengipun Pakempalan Bank Jagad
    Den Haag

    Kangjeng Ratu Máxima Nampi Pangagengipun Pakempalan Bank Jagad

    Déning Eddi Santosa14.11.2026Menit Maos
    Kangjeng Ratu Maxima
    Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Ratu Maxima sesarengan kawulá Walandi

    DEN HAAG – Kálá ing dinten Jemuwah sonten, suryá kaping 13 wulan Nopèmber, wonten ing Kadhaton Huis ten Bosch ing kuthá Den Haag, Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Ratu Máxima, minángká utusan mirunggan saking Sekretaris Jéndral Pakempalan Bangsa-Bangsa ingkang ngurusi babagan karaharjaning artá sáhá pangupájiwá (financiële gezondheid), sampun kepareng nampi sowanipun Présidhèn Pakempalan Bank Donyá, Tuwan Ajay Banga.

    Sampun langkung saking kalih dásá wársá laminipun Pakempalan Bank Donyá puniká dados mitrá ingkang wigatos tumrap Kangjeng Ratu Máxima salebeting nindakaken ayahanipun wonten ing Pakempalan Bángsá-Bángsá (PBB).

    Ing wiwitanipun, sesambetan makaryá sesarengan puniká katujokaken kanggé ngindhakaken margi ingkang saé, aman, sáhá mirah tumrap masyarakat supados saged ngginakaken piranti sáhá layanan artá, ingkang winastan pamegaring margi artá tumrap sadáyá kawulá (financiële inclusie). Wiwit panjenenganipun nampi dhawuh ayahan énggal saking PBB, ancas puniká kagantos dados babagan kasarasan artá.

    Wiwit panjenenganipun nampi dhawuh ayahan énggal saking PBB, ancas puniká kagantos dados babagan karaharjaning artá sáhá pangupájiwá.

    Pakempalan Bank Donyá puniká kalebet anggota saking Pakempalan Pitedah (Reference Group) UNSGSA ingkang winastan. Pakempalan puniká minángká paguyuban juru pitedah ingkang dumados saking sewelas pakempalan pangrembakaning bángsá-bángsá, ingkang saben warsá asring ngawontenaken parembagan kaliyan Kangjeng Ratu Máxima kanggé ngrembag lampahing ayahanipun ing PBB. 

    Minángká anggota saking Reference Group, Pakempalan Bank Donyá ugi asring ndhèrèk dados pangiring salebeting lampah panjenenganipun dhateng nagari-nagari sanès ing sajroning ayahan PBB, kados déné tindakipun Kangjeng Ratu Máxima dhateng nagari Ghana sawatawis wekdal kepengker. Ayahanipun nglimputi atur pamrayogi sadèrèngipun tindak, nyarujuki lampah naliká wonten ing papan tujuan, sáhá nindakaken lampah terusan sasampunipun tindak.

    Rawuhipun Tuwan Banga ing nagari Walandi puniká minángká terusan sasampunipun Pakempalan Bank Donya ndhèrèk wonten ing parepatan ageng babagan iklim COP31 ing nagari Turki. 

    Rawuhipun puniká antawisipun ugi ngawontenaken pirembagan kaliyan Kangjeng Tuwan Mantri Babagan Dedagangan Máncá Nagari sáhá Sesambetan Pangrembakan Tuwan Sjoerd Sjoerdsma, párá sudagar ageng ing nagari Walandi, sáhá pakempalan-pakempalan ingkang nanem pawitan, kanggé ngrembag babagan kalenggahanipun Pakempalan Bank Donya salebeting ékonomi donyá sáhá sesambetan makaryaá sesarengan kaliyan nagari Walandi.

    Share. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    SadèrèngipunPajek Gendhis Awit Januari 2024
    Salajengipun Kangjeng Ratu Máxima Dados Opsir Cadangan
    Monggo Nyerat Komentar

    Nuwun sèwu Komentar sampun ditutup

    Nembé Mlebet
    • Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar
    • Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi
    • UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar
    • Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027
    • Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar

      Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi

      UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Monggo ngetik mriki lan pèjèt Enter kanggé madosi. Pèjèt Esc kanggé mbatalaken.