Tutup Menu
Het Javaanse Blad
    Facebook X (Twitter) Instagram
    Het Javaanse Blad
    • Pendápá
    • Atur Sapálá
    • Kraton

      Putri Ingrid Ambal Warsá Kaping 18

      19.06.2022

      Ngarsá Dalem Ngaturi Galadiner Korps Diplomatik

      13.06.2022

      Putri Beatrix Paring Anugerah Anyelir Pérak

      10.06.2022

      Ratu Máxima – Presidèn ECB Rembag Bebrayan

      09.06.2022

      Kraton Noordeinde Bika Malih Kanggé Publik

      08.06.2022
    • Den Haag

      Wulan Nopèmber Paling Asrep Wiwit 1998

      27.11.2026

      Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar

      22.11.2026

      Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi

      21.11.2026

      Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027

      21.11.2026

      Karcis Sepur ing Taun 2027 Boten Mindhak Awis

      21.11.2026
    • Jogja

      Tingalan Jumenengan Dalem

      12.03.2021

      Kraton Jogja Prèngeti 6 Jam Serangan Oemoem 1 Maret 1949

      02.03.2021

      Uyon-Uyon Hadiluhung Senèn Pon

      25.02.2021
    • Diplomasi
    • Internasional
    • Jaman Mbah Buyut
    Het Javaanse Blad
    Panjenengan maos:Javaans » Wulan Nopèmber Paling Asrep Wiwit 1998
    Den Haag

    Wulan Nopèmber Paling Asrep Wiwit 1998

    Déning Eddi Santosa27.11.2026Menit Maos
    Háwá asrep wulan Nopèmber
    Háwá asrep beku -8° Celsius (bron: Denise Jans)

    DEN HAAG – Wulan Novèmber puniká dados waulan ingkang paling asrep wiwit taun 1998 lan gadhah kathah dalu-dalu asrep beku ing salebeting 100 taun. 

    Rátá-ratanipun háwá asrep ing wulan puniká dumugi sapuniká wonten ing 4,3° Celsius. Puniká kirang langkung 3° langkung andhap tinimbang rátá-rátá ingkang limrah inggih puniká 7°. Kanthi makaten, Nagari Walandi tumuju dhateng wulan Nopèmber ingkang paling asrep wiwit taun 1998. Rikálá semanten, rata-ratanipun háwá asrep inggih puniká 3,7°.

    Nopèmber paling asrep (bron: Denise Jans)

    Miturut pangajeng-ajeng, wulan puniká badhé dipunpungkasi kanthi 18 dalu asrep beku. “Puniká minángká kathah-kathahipun dalu mawi asrep beku wiwit taun 1921,” mekaten ngendikanipun ahli kawontenan háwá Peter Siegmund saking KNMI. Rikálá semanten wonten 22 dalu asrep beku. 

    Bab bilih háwá ing wulan Novèmber puniká andhap sanget, boten ateges bilih háwá asrep puniká mbetá pengaruh dhateng alam, mekaten pangandikanipun ahli satwá wáná Christiaan van der Hoeven saking WWF. 

    “Kitá sampun kuliná kaliyan rékor háwá bentér, sanès rékor háwá asrep. Nanging sakathahing tetuwuhan sampun sami ngaso mángsá asrep sáhá sakathahing sato kéwan ugi makaten.” ngendikanipun.

    Peksi-peksi sami késah adhedhasar dawanipun siang lan asringipun sampun bidhal sadèrèngipun mángsá asrep. “Puniká limrahipun kedadosan ing antawisipun wulan Agustus dumugi Oktobèr,” makaten ngendikanipun Van der Hoeven. 

    Saged -8° Celsius

    Ing dinten-dinten ngajeng mangké tetep taksih badhé asrep. Dinten Kemis lan Jumuwah, hawanipun paling kathah namung 1° ing nginggilipun titik beku. Ing wanci dalu, hawanipun langkung andhap malih: badhé beku -6° lan sacárá lokal saged ngantos -8°.

    Dinten Jumuwah, hawanipun ugi saged tetep ing ngandhapipun titik beku sadinten muput. Puniká manawi makaten dados dinten ès ingkang sapisan ing taun puniká. Limrahipun, dinten ès ingkang sapisan nembé dhawah ing tanggal 20 Dhésèmber. 

    Ing wanci akhir peken tetep taksih asrep, nanging hawanipun badhé mindhak alon-alon. Dinten Setu paling kathah 2° lan dinten ngajengipun Minggu hawanipun mindhak dumugi 4°. Ugi wonten kamungkinan jawáh toyá lan jawáh salju. Ing peken ngajeng, hawanipun mindhak dumugi 7°.

    Andumaken. Facebook Twitter WhatsApp Email Telegram
    SadèrèngipunPasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar
    Monggo Nyerat Komentar

    Nuwun sèwu Komentar sampun ditutup

    Nembé Mlebet
    • Wulan Nopèmber Paling Asrep Wiwit 1998
    • Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar
    • Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi
    • UE-Indonesia Ngawontenaken Prajanjian Dagang Ingkang Wiyar
    • Gègèr ing Den Haag Babagan Paos 2027
    Pacelathon Énggal
      • Facebook
      • Twitter
      • Instagram
      • Pinterest
      Waosanipun Bongsá Jawi
      Paling Kathah Dipunwaos

      Wulan Nopèmber Paling Asrep Wiwit 1998

      Pasulayan Paos Boten Kelar, Paprèntahan Saget Bibar

      Susuh Penyu ing Lepén Damel Kuwatos Walandi

      Jaman Mbah Buyut
      Atur Sapálá
      Atur Sapálá

      Básá Jawi, utaminipun krámá madyá lan krámá inggil, dinten sapuniká sampun awis-awis dipunginaaken malih, tur sangsáyá udhar.

      Copyright © 2021 Het Javaanse Blad

      Facebook X (Twitter) Instagram LinkedIn VKontakte

      Monggo ngetik mriki lan pèjèt Enter kanggé madosi. Pèjèt Esc kanggé mbatalaken.